Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Lirik Yen Ing Tawang Ono Lintang
Artis : Waljinah

Bawa Sinom:
Yen ing tawang ono lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mego ing angkoso
Sun takon wartane reki
Janji janji ku eling
Sumedot rasane tyas ingsun
Nimas ingsun mersopo
Sineksen bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan

Langgam:
Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkosao nimas
Sun takokke pawartamu

Janji janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas
Tresnaku sundul wiyati

Dhek semono janjiku disekseni
Mego kartiko kairing roso tresno asih

Yeng ing tawang ono lintang cah ayu
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Lirik Welingku
Lirik Welingku
Lirik Welingku
Artis : Waljinah

Sumedhot rasaning atiku yen ora klakon uripku
Ora ngira ora nglegawa semana tegane atimu
Kembang melati kang tak sandhing
Saiki alum dadi garing

Kasaput panasing kasunyatan
Wekasan lebur dadi areng
Arume kembang kembang nalika semana
Tansah tak simpen sak jroning atiku

Saiki ilang sirna kesalat geni dadi awu
Welingku iki kang pungkasan
Tak suwun aja dibaleni
Muga muga bisa kasembadan dadiya priya kang sejati

Lirik Ngelam Lami
Lirik Ngelam Lami

Lirik Ngelam Lami
Artis : Waljinah

Bowo Pucung:
Nadyan aku
Ora lali mring labuhmu
Kumledanging netro
Tiwas tiwas hanglam lami
Suwe suwe yen digagas gawe gelo

Langgam:
Pancen ora disedyo wong wis lali teko nyelo-nyelo
Katon kumledanging netro mulo ati banjur melu kroso
Nadyan laliyo wonge ora lali marang lelabete
Naliko podho tresnane ninggal bekti angel dilalekake

Suwe suwe yen digagas gawe gelo ati
Wekasane tiwas tiwas anglam lami
Paribasan upami sabuk cilik kebacut nemahi
Sapa sing gelem nglakoni yen ditari tageh yen nyaguhi

Lirik Nawala
Lirik Nawala

Lirik Nawala
Artis : Waljinah

Wis tak tompo nawalane surasane ugo wis mangerti
Warnao-warno pamuwuse temahane bisa ndudut ati
Ngantiyo tekan seprene soyo gawe ewuh ing pambudi
Nggonku kirim wangsulane sing mesthine dhewekke ngenteni

Ngora gampang sanadyan to mung nuliso layang
Amrih padhang yen diwoco wong sing lagi nandang
Ora sepiro wujude dirasakno abote kepati
Nawala mung dluwang wae diguwango anggondheli ati

Lirik Ngalamuning Ati
Lirik Ngalamuning Ati

Lirik Ngalamuning Ati
Artis : Waljinah

Yen tak roso
Ra kuwowo, roso jroning ati
Tansah kelingan kembange netro
Nggodha aku, rino wengi

Pancen nyoto
Yen si rupo, yo ra mitoyoni
Nanging aku wis kebacut, tresno
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
Mbok bisowo katekan setyaku
Katresnanku u u u u ditimbangi
Tresno kang satuhu

Koyo ngopo
Ebo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki

Reff:
Pamujiku
Mbok bisowo katekan setyaku
Katresnanku u u u u ditimbangi
Tresno kang satuhuuuu

Koyo ngopo
Ibo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki

Lirik Lelo Ledhung
Lirik Lelo Ledhung

Lirik Lelo Ledhung
Artis : Waljinah

Bawa Mijil:
Cep menengo anakku cah manis
Ojo gawe kagol
Kae katon rembulane gedhe
Gilar-gilar cahyane nelahi
Ayo sun dolani
Sak bisa bisaku


Langgam:
Tak lelo lelo lelo ledhung cep menengo ojo pijer nangis
Anakku sing bagus rupane yen nangis ndhak ilang baguse
Tak gadhang bisa urip mulyo dadiyo priyo kang utomo
Ngluhurke asmane wong tuwo dadiyo pandekaring bongso
Wis cep menengo anakku kae mbulane ndadari
Koyo ndhas buto nggilani arep nggoleki cah nangis

Tak lelo lelo lelo ledhung cep menengo ojo pijer nangis
Tak emban slendhang bathik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung

Lirik Kencana Katon Wingko
Lirik Kencana Katon Wingko

Lirik Kencana Katon Wingko
Artis : Waljinah

Ora kaya dhek semana katresnanmu pancen nyata
Anane mung tansah ngalembana ora nate gawe cuwa
Mula aku ya nimbangi tuhu tresna setya bekti
Tresnaku ora mung ana lathi nanging sateruse ati
Apa baya darunane seiki mung lamis wae
Katone wis ora nggape sasolahe mung tansah ngece
Adhuh gek kepriye tak rewangi lara lapa
Nanging yekti tanpa guna pancen sliramu wis ora tresna
Kencana mung katon wingko

Lirik Kacu Biru
Lirik Kacu Biru

Lirik Kacu Biru
Artis : Waljinah

Cu kacu kacune sapa
Kacu biru kabur-kabur kanginan
Bocah ayu dik anake sapa
Dasar ayu tur pinter dandan
Kacu biru kacune sutra
Yen dicandak ambu-ambune wangi
Aja nggugu dik sing ngayawara
Mengko mundhak lara nyang ati

Kacu biru pinggire ireng
Rada amba pancen-pancen digawe
Yen sliramu dik kadung seneng
Saben dina tlateni wae
Udan deres dik payunge jebol
Jo ditembel si kacu kacu biru
Ati gemes dik dadine ndongkol
Janji apel bapake nunggu

Lirik Gemes
Lirik Gemes

Lirik Gemes
Artis : Waljinah

Oh gemes aku
Gemes aku kelingan sliramu
Oh nganyelake
Bola-bali kok mung kuwi pitakone
Oh gemes tenan
Yen ngendika astane melu kluyuran
Oh mangkelake
Durung-durung wis werna-werna kersane

Lo lo lo mengko dhisik
Lo lo lo mundhak ora becik
Lo lo lo jo kesusu
Lo lo lo mundhak digeguyu

Oh gemes aku
Gemes aku yen moco meneh layangmu
Oh mangkelake
Ning jan-jane mung nambahi kangen wae

Lirik Elingo Bebaya Margo
Lirik Elingo Beboyo Margo

Lirik Elingo Bebaya Margo
Artis : Waljinah

Malem minggu kutha Sala pancen rame
Abang biru speda motor sak wernane
Pating sliwer kaya padha rebut banter
Nora bener tanpa tandha waton minger

Ja sembrana gatekna tandha ing marga
Dha elinga bebaya kang nggondhol nyawa
Para mudha keh-akehe tanpa duga
Dupeh bisa ora eling mring bebaya

Tumrap para pengemudi apa wae
Dha nindakna lalu lintas praturane
Gambar cumplung njaban kutha wigatekna
Aja mbambung mlebu kutha den elinga

Praturane lalu lintas sak temene
Mamrihake keslametan sapa wae
Mendhak dene yen ta padha nindakake
Negarane tete harja lan tentreme

Lirik Resepsi
Lirik Resepsi

Lirik Resepsi
Artis : Waljinah

Yen pinuju angrawuhi ing malem resepsi
Kakung putri ngagem busono kang edi peni
Poro putri sami lenggah jejer katon rapi
Yen sinawang nganti koyo kontes widodari

Poro priyo lenggahe rodho ado sawetoro
Uthak athik...lirak lirak...
Nguya nguyu...mesam mesem...
Sajak arep mundhut lagu

Sinten niku lenggah pojok ndelik ono mburi
Menga mengo sajak e kok ono sing diwedeni