Lirik Wong Deso
Lirik Wong Deso
Lirik Wong Deso
Artis : Sonny Josz

Ireng kulitku putih kulitmu
Rombeng klambiku ko toko klambimu
Pikiren disik yen seneng aku
Sing luwih apik ojo kesusu

Aku wong deso sliramu wong kutho
Aku wong miskin uripmu terjamin
Ojo toh mobil ojo toh motor
Sepedah wae aku ra duwe

Reff :

Aku iki dik anake wong tani
Bapakku macul si mbok buruh tandur
Yen sliramu dik putrine wong duwur
Bapakmu lurah tur uripmu makmur

Opo yo gelem mengko uwong tuomu
Yen duwe mantu sing miskin koyo aku

Lirik Sri Wis Bali
Lirik Sri Wis Bali
Lirik Sri Wis Bali
Artis : Sonny Josz

Sri, kowe wis bali
Biyen lungo kok ora pamit aku
Jarene kowe pamite tuku trasi
Kowe malah minggat ninggalake aku

Sri, kowe wis bali
Ati seneng, senenge setengah mati
Nanging siji, Sri nggawe tangise ati
kowe bali nggowo oleh-oleh anak bayi

*)
Wis rong taun aku ngenteni kowe, Sri
Lawang omah saben dino ra dikunci
Kowe wis ngerti yen aku wong ra nduwe
Dadi kuli bayarane ora mesti

Tak rewangi aku dodol klambi
Nggoleki kowe, Sri sing tak tresnani
Tak rewangi aku dodol klambi
Kentekan sangu, Sri nggoleki kowe

Sri, kowe wis bali
Ati seneng, senenge setengah mati
Nanging siji, Sri nggawe tangise ati
Kowe bali nggowo oleh-oleh anak bayi

reff :
Kembali ke *)

Lirik Sumi Wong Ndeso
Lirik Sumi Wong Ndeso
Lirik Sumi Wong Ndeso
Artis : Sonny Josz

Putra:
Dhik kowe pancen ayu
Yen kowe ngguyu nyenengke atiku
Lambene sigar jambe
Yen tak sawang tambah ayune

*)
Dhik aku naksir kowe
Apa kowe wis ono sing nduwe
Wis ono rong minggu
Tak simpen ono njero dodoku

(Sumi-Sumi pancen ayu)
Kembang ndeso asli Wonogiri
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Sumpah mati aku tresno sliramu
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Kembang ndeso asli Wonogiri
(Sumi-Sumi pancen ayu)
Wani sumpah sikilku ketiban palu

Putri:
Opo mas kowe pancen tresno
Atiku iki isih ragu-ragu
Yen pancene tresno
Cepet lamaren marang wong tuwoku

Lirik Siji Ora Entek
Lirik Siji Ora Entek
Lirik Siji Ora Entek
Artis : Sonny Josz

Dik ojo nesu dik ojo grusa grusu
Sabarno atimu jo gampang cemburu
Bolak-balik wis tak kandani
ora bakal cintaku tak bagi-bagi

Sing tak boncengke dik konco nyambut gawe
Mergo mulih dewe lan adoh omahe
Mesa’ake yen ono opo-opo
Mulo ojo cemburu gede Prasongko

Reff :

Siji ora entek untuk apa cari lagi
Tak rewangi nretek-nretek demi kamu sing tak tresnani
Siji ora entek boro-boro bojo loro
Senajan to kowe elek aku kowe wis kadung jodho

Wedang susu gulone jowo
Ojo nesa-nesu mengko kowe ndak gelis tuwo

Dik ojo nesu dik ojo grusa grusu
Sabarno atimu jo gampang cemburu
Bolak-balik wis tak kandani
ora bakal cintaku tak bagi-bagi

Lirik Nelongso Sonny Josz
Lirik Nelongso

Lirik Nelongso
Artis : Sonny Josz

Nelongso temen uripku
Urip pisan ono ngalam ndunyo
Nyambut gawe kok koyo ngene
Wiwit biyen mulo….

Rong puluh tahun lawase
Adus udan adus kringet kepanasan
Nggolek pangan
Yo ning kutho Metropolitan

*)
Rino wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora nduwe sangu

Kelingan marang wong tuwoku
Tak impi-impi roso jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga ning ndeso

Lirik Njaluk Susu
Lirik Njaluk Susu

Lirik Njaluk Susu
Artis : Sonny Josz feat NN

PA :
Njaluk susu dik aku njaluk susu
Susune sing rodok manis
Manise koyok bakule
Bakule sing monthok bokonge

Njaluk susu dik aku njaluk susu
Susune sing rodok legi
Sing biso nyegerke ati
Susune susu kopi

Reff :

Pi : Kopi susu mas nopo kopi campursari
Pa : Opo ono to dik kopi campursari
Pi : Wonten mas niki lho
Pa : Aku njaluk dik kopi campursari
Pi : Kerso pait mas nopo kerso legi

Pa :
Aku njaluk dik sing rodok legi
Sing dodol seksi-seksi
Biso nyenengke ati
Ning kene ra pingin bali

Njaluk susu dik, aku njaluk susu
Susune sing rodok legi
Sing biso nyegerke ati
Susune susu kopi

Lirik Mikir Blonjo
Lirik Mikir Blonjo

Lirik Mikir Blonjo
Artis : Sonny Josz

Koyo ngene rasane
Wong duwe pacar maneh
Kurang mangan kurang turu
Mikir blonjo mikir waktu

Sejak aku kenal kowe
Awakku tan soyo kuru
Yen wengi ra biso turu
Kepingin endang ketemu

Reff :

Yen tak pikir yen tak pikir aku dosa
Marang bojo marang bojo lan wong tuwo
Saben dino saben dino aku goro
Omong rene omong rene aku rono

Aduh emak tambanono
Anakmu sing nyandang tresno

Tambanono temu ireng
Ben atiku iso tentrem
Tambanono kunci jahe
Ben aku ning omah wae

Koyo ngene rasane
Wong duwe pacar maneh
Kurang mangan kurang turu
Mikir blonjo mikir waktu

Reff :

Yen tak pikir yen tak pikir aku dosa
Marang bojo marang bojo lan wong tuwo
Saben dino saben dino aku goro
Omong rene omong rene aku rono

Aduh emak tambanono
Anakmu sing nyandang tresno

Tambanono temu ireng
Ben atiku iso tentrem
Tambanono kunci jahe
Ben aku ning omah wae

Tambanono temu ireng
Ben atiku iso tentrem
Tambanono kunci jahe
Ben aku ning omah wae

Lirik Menyan Jepang
Lirik Menyan Jepang

Lirik Menyan Jepang
Artis : Sonny Josz

Jamane jaman kemajuan
Okeh wong tuwo rabi perawan
Usia ndak dadi ukuran
Sing penting apel nggowo mobil sedan

Siji maneh cinta modal dengkul
Cinta ditolak dukun bertindak
Andelane cuma kemenyan
Nyatane kalah karo menyan jepang

Reff :

Ketelo digethuk jemek
Wong wis tuwo dibojo kenek
Awale disayang-sayang
Duite entek kowe ditendang

Ngono-ngono salahmu dewe
Duwe setitik ngakune sugih
Okeh Piawan sing-arepake
Tapi ngarep marang duite

Ati-ati jaman saiki
Okeh perawan moto duitan
Rayuane rayuan gombal
Jarene kenek kanggo masa depan

Jamane, jaman kemajuan
Okeh wong tuwo rabi perawan
Usia ndak dadi ukuran
Sing penting apel nggowo mobil sedan

Lirik Kecantol
Lirik Kecantol

Lirik Kecantol
Artis : Sonny Josz

Iki jaman jaman kemajuan
Golek bojo ojo sembarangan
Pikir-pikir yen arep nglakoni
Ati-ati yen kowe arep rabi

Tresno iku ora sembarangan
Golek bojo kanggo sak lawase
Pikir-pikir yen arep nglakoni
Ati-ati yen kowe arep rabi

Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti uwonge
Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti atine

Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati yen kowe arep rabi
Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati yen kowe arep rabi

“Dik..dik kene kene,
lungguho tak kandani,
kowe yen nggolek jodho
sing ati-ati yo,”

Iki jaman jaman kemajuan
Golek bojo ojo sembarangan
Pikir-pikir yen arep nglakoni
Ati-ati yen kowe arep rabi

Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti uwonge
Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti atine

Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati yen kowe arep rabi
Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati yen kowe arep rabi

Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti uwonge
Ojo nganti dik gampang kecantol
Sak durunge kowe ngerti atine

Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati, yen kowe arep rabi
Pikir-pikir ndisik ojo getun mburi
Ati-ati yen kowe arep rabi

Lirik Gelo
Lirik Gelo

Lirik Gelo
Artis : Sonny Josz

Koyo ngene rasane yo wong kapusan
Ati mangkel pingine uring uringan
Waktu lamaran kowe janji trisno ning aku
Nanging saiki kuwe lunggo ninggalne aku

*)
Ulem ulem kabar resepsi pernikahan
Wis kebacut disebar pinongko undangan
Tanggal lan wulan kabeh wis pastiake
Tendo biru janur kuning disiapke
Jebule kuwe malah minggat
Gawe dunyo rasane koyo kiamat
Gelo atiku gelo .
Kowe wis tego nggawe ati gelo

Loro atiku loro
Kowe wis tego nggawe ati iki loro
Kebangeten yenmu nggawe goro goro dik
Resepsine batal mergo kuwe lungo
Kebangeten yenmu nggawe goro goro dik
Aku sak kluargo nanggung wirang dan kuciwo

Lirik Calon Bojo
Lirik Calon Bojo

Lirik Calon Bojo
Artis : Sonny Josz

Dhik wis seminggu aku ora ketemu
Ati kangen rindhu karo sliramu
Kelingan ngguyumu kelingan swaramu
Mumet sirahku yen ora ketemu
Dhik wis seminggu awak rasane lesu
Mikir sliramu awak nganti kuru
Yen ora percoyo bukak’en dhodhoku
Mung kowe siji dadi calon bojoku
Tuku tahu
Neng pasar Minggu
Jarene tresnamu
cuma kanggo aku
(ah moso iyo)
Mlaku-mlaku neng pasar baru
Yen kelingan sliramu ora biso turu
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku

Reff :

Dhik wis seminggu aku ora ketemu
Ati kangen rindhu karo sliramu
Kelingan ngguyumu kelingan swaramu
Mumet sirahku yen ora ketemu
Tuku tahu
Neng pasar Minggu
Jarene tresnamu
cuma kanggo aku
(ah moso iyo)
Mlaku-mlaku neng pasar baru
Yen kelingan sliramu ora biso turu
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe seneng karo aku

Lirik Bakul Jamu
Lirik Bakul Jamu

Lirik Bakul Jamu
Artis : Sonny Josz

Waduh..tangi turu rasane boyok loro kabeh

Yem bakul jamu kowe ndang mreneo
Aku arep tuku jamune pegel linu
Yen kowe ngedoli ojo larang-larang
Gawe langganan rong dino sepisan

Yem bakul jamu kowe tambah lemu
Rambut digelung konde yen mlaku kooyo macan luwe
Nyangking timbo abang gawe wadahe banyu
Karo nawakke dagangan jamune

Bakul jamu rupane ayu,
Ngguya-ngguyu sajake seneng karo aku
Bakul jamu rupane ayu
Ngguya-ngguyu marakke ora biso turu

Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe deneng karo aku

Reff :

Yem bakul jamu kowe ndang mreneo
Aku arep tuku jamune pegel linu
Yen kowe ngedoli ojo larang-larang
Gawe langganan rong dino sepisan

Bakul jamu rupane ayu
Ngguya-ngguyu sajake seneng karo aku
Bakul jamu rupane ayu
Ngguya-ngguyu marakke ora biso turu

Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe deneng karo aku
Rino wengi atiku ora karuan
Opo bener kowe deneng karo aku