Lirik Teh Poci
Lirik Teh Poci

Lirik Teh Poci
Artis : Nurhana

Teh poci mas manis gulo jowo
Mampir mriki bakule mbak ayu
Kerso ngunjuk teh poci biso kagem jampi
Jampi wuyung sing lagi gandrung

E sajake mas ono sing dikarepke
Milih mriki nopo milik kae
Pripun mas pie yen arep naksir bloko wae
Akeh liyane malah milik bakule
Pripun badhe manut wae

Teh poci dik manis gulo jowo
Pados jampi malah nemu rondo
Rondo soko brang wetan duwite segudang
Ngajak dolan pados hiburan

E sajake ono sing dikarepke
Pingin disko opo karaqoke
E pripun, e piye yen kesel ayo bali wae
Mumpung isih sore penake diteruske
Pripun aku manut wae

Lirik Terlena - Nurhana
Lirik Terlena - Nurhana
Lirik Terlena
Artis : Nurhana

Tansah kegowo jroning atiku
Setyo tresnamu
Lilo legowo kabeh tresnaku
Oh mring sliramu
Terlena kuterlena

Tansah kelingan tan bisa lali
Setyo lan janji
Lintang rembulan kang dadi seksi
Oh anyekseni
Terlena oh terlena

Nanging kabeh tondho tresno
Ora nate dadi reno
Malah sliramu gawe cidro

Biyen jare kondho setyo
Ora bakal gawe gelo
Malah saiki sajak lelewo
Adhuh kangmas
Gawe cuwo atiku

Nadyan kuciwo roso atiku
Marang sliramu
Ora kuwowo pancen tresnaku
Amung sliramu

Terlena ku terlena
Terlena ku terlena

Lirik Ojo Dipleroki
Lirik Ojo Dipleroki

Lirik Ojo Dipleroki
Artis : Nurhana

pi:
Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
Karepku njaluk di esemi

pa:
Tingkah lakumu kudu ngerti coro
Ojo ditinggal kapribaden ketimuran
pi : Mengko gek keri ing jaman
pa : Mbokyo sing eling
pi : Eling bab opo
pa : Iku budoyo
pi : Pancene bener kandamu

Lirik Nusul
Lirik Nusul

Lirik Nusul
Artis : Nurhana

Bawa:
Galo kae teko nusul
Ndhesel ndhesel jowal jawil
Padune gemang ditinggal
Andhek puno sengal sengil
Sumbar sumbar njaluk pethol
Ora wurung kinthil kinthil

Langgam:
Lha kae nusul teko teko ulate njegadul
Mripate brebes mili anehe nyedhaki njiwiti
Tekate nusul watone bisa mbalik kumpul
Galake dimareni rewele ora dipindoni

Godha neng ndalan eman eman yen mulih dhewe
Bisa kelangan katut setan sing ngganggu gawe
Lumrahe kaul jenenge dumeh meh disusul
Solahe ngrangkul ngrangkul padune sumelang disusul

Lirik Nonong
Lirik Nonong

Lirik Nonong
Artis : Nurhana

Nonong sing nonong sopo sing nduwe
Nonong sing nonong sing ayu dhewe
Nonong nambahi ayu ayu ayu dhewe
Nononge nambahi manis manis manis dhewe

Nonong sing nonong dudu bathuke
Nonong sing nonong larang regane
Nononge sing mesam-mesem kabeh-kabeh kangen
Nononge yen ngguyu merem kabeh-kabeh gelem

Dasar ayu tetep ayu nadyan nonong tambah ayu
Dasar manis tetep manis ndyan nonong tambah manis

Nonong sing nonong ngendi omahe
Nonong sing nonong angel tandhinge
Sing nonong dudu bathuke, adhuh-adhuh sayang
Sing nonong nyedhaka mrene adhuh-adhuh sayang

Lirik Mleset Janjine
Lirik Mleset Janjine

Lirik Mleset Janjine
Artis : Nurhana feat Santoso

Pi:
Jare janjine awan malah tekane sore
Pa:
Aku ra iso awan isone iki sore
Pi:
He mesthi tekane sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Jare janji awan malah tekone sore
Kesel-kesel nggonku nunggu ngenteni teko sliramu
Pa:
Aku ra bisa awan bisane iki sore
Aja kesusu nesu iki lho mendhoan tempe

Pi:
Kuciwane atiku mangkel rasane
Mung nunggu ngarep tekamu kok mleset janjine
Pa:
Kabeh iki ra sengojo njaluk pangapuro
Aja dadi atimu kabeh mergo arto
Pi:
Jare janji awan malah tekone sore
Biyen nganti sak yahene mesthi molor janjine
Pa+Pi (kabeh ra ono bedane awan sore podo wae)

Pa:
Oh oh oh aku
Ra isa awan bisaku iki sore
Ja banget anggonmu nesu
Awan sore podo wae

Lirik Mas Joko
Lirik Mas Joko

Lirik Mas Joko
Artis : Nurhana feat Boy Suro

Nuwun sewu mas kulo badhe ndherek pirso
Nopo leres niki deleme mas Joko
Piantune alit mas kumis tipis lencir kuning
Bilih mlampah kados raden mas Janoko

Ora kleru dik ning sliramu kuwi sopo
Sajak e aku wis nate pirso

Jane lali mas opo yo mung reko reko
Nembe wingi njenengan le obral janji

Ojo dadi ati dik aku pancen lali dik
Wong sliramu katon seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Opo bener mas kabeh ngendikamu

Ojo dadi ati dik aku pancen lali dik
Wong sliramu katon seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Opo bener mas kabeh ngendikamu

Lirik Mawar Biru
Lirik Mawar Biru

Lirik Mawar Biru
Artis : Nurhana

Tumetesing waspaku
Ora tego rasaning atiku
Ninggalake sliramu
Priyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake
Naliko bareng mlaku-mlaku

Ora nyono ora ngiro,yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake romo lan ibuku
Mulih nEng ndesaku
Wekasanmu welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minongko
Tondho katresnanku

Lirik Kadhung Tresna
Lirik Kadhung Tresna

Lirik Kadhung Tresna
Artis : Nurhana

Lamat wus katon tejane yen mbombrong katon mencrong
Adhuh wiragane sinawang tan amboseni
yen mboseni yen mbesengut
wimbuh patut nyata jatmika mrak ati

Adhuh
Lestariya lan lila pisah serema
Nadyan bebasane kelingan godhong sak lembar
Nimas
Kaya wus koncatan rasa sengseming atiku
Pacakane sarwa asri jro batinku tansah kuwur
Eman
Wus lumayan amung nimas para ningsih

Lirik Kencling
Lirik Kencling

Lirik Kencling
Artis : Nurhana

Upomo kowe kembang melati aku keris tak sampiri
Tresnamu tresnaku dadi siji tak jaluk jo nganti lali
Para tamu kakung miwah putri pada lenggah anyekseni
Kinalungan reroncen melati rama ibu mangestoni
Lamun pendhok tembaga bisa malih ingkang rupi

Lamun pendhok kencana iku lambang suci murni
Kinclong kinclong ayune tambah mencorong
Kencling kencling alah kencling dasar ayu lencir kuning
Kinclong alah kinclong cah manis ayo tak bopong
E buah kedhondhong saben wengi disobo kalong
Aku wedi yen digondhol uwong

Lirik Kena Gudho
Lirik Kena Gudho

Lirik Kena Gudho
Artis : Nurhana

Nalikane dhek jaman semana
Tresnaku setya lan tuhu
Anane mung tansah ngalembana
Sasat/jujur ora nate cidra

Mula tansah animbangi
Tresnaku ginawa mati
Ora ana lintang kang sumunar
Amung ndika pepujanku

Sirahmu pamit tugas ngayahi
Amrih rahayunig sesami
Nggonku muji kariya basuki
Suk kapan anggonmu bali

Peteng ndhedhet rasaning atiku
Bareng tak krungu kabarmu
Nyatane sing kundur mung layangmu
Ora ngira kena gudha

Lirik Kloso Opo Kasur
Lirik Kloso Opo Kasur

Lirik Kloso Opo Kasur
Artis : Didi Kempot feat Nurhana

Pi:
Pilih kloso mas opo pilih kasur
Podo-podo iso kanggo turu
Pilih neng ngisor opo pilih neng nduwur…
Ndhuwur
Gek ndang matur tak enteni wangsulane
Pa:
Aku manut dik kepiye penake
Ngisor nduwur rasane podo wae
Alon-alon ojo dibanterke… penake…
Ojo kesusu aku njaluk sing suwe

Manut…

Pi:
Sedelo opo suwe ojo lali opahe kangmas

Manut…

Pi:
Alon-alon tak cekele ndang mrene tak urute
Pa:
Iki lho dik… aduh sakmene gedene
Jempol sikilku kesleo wingi sore
Pi:
Tak urute mas nganggo lengo klentik tik…tik…
Jempol sikilmu ben pulih dadi cilik

Lirik Konco Tani
Lirik Konco Tani

Lirik Konco Tani
Artis : Nurhana

Ee… ibo senenge
Konco tani yen nyawang tandurane
Nyambut gawe
Awak sayah seneng atine
Parine lemu-lemu
Polowijo lan ugo sak wernane
Katon subur, kabeh tuwuh
Kang sarwo kinandur

Panyuwunku, tinebehno saking sambikolo
Sih ing gusti, mugi-mugi lestari widodo
Sayuk rukun rame-rame
Gotong-royong kang dadi semboyane
Konco tani soko guru tumerap negarane

Parine lemu-lemu
Polowijo lan ugo sak wernane
Katon subur, kabeh tuwuh
Kang sarwo kinandur

Panyuwunku, tinebehno saking sambikolo
Sih ing gusti, mugi-mugi lestari widodo
Sayuk rukun rame-rame
Gotong-royong kang dadi semboyane
Konco tani soko guru tumerap negarane

Lirik Jaranan
Lirik Jaranan

Lirik Jaranan
Artis : Nurhanah

Jaranan nganggo klambi abang
Wong wis tuwo katik nunggang papah gedhang
Aduh lae mbok yo golek dalan padang
Ngelingono uripmu podho klambrangan

Jaranan mangan beling wedi
Mlebu warung kathik pesen wedang kopi
Bakul ayu terus dicedhaki
Bareng mbayar reko reko dadi

Gibag gibig gibag gibig
Wong wis tuwo ojo nggidit
Gedag gedeg gedag gedeg
Bujang rondo natap gedeg

Jatilan si kromo leo
Wong wis tuwo isih koyo joko
Gandrung rondo sing denok deblong
Bareng ditulak sirahe puyeng

Tuku sewek batikan tuban
Wong wis tuwek isih keranjingan
Kasmaran atine bingung
Bocah dolan dithungi penthung

Ojo polah ojo obah
Disorak kathoke bedah
Jegat jegot jegat jegot
Jaran mbandang kolore pedot

Lirik Ela Elo
Lirik Ela Elo

Lirik Ela Elo
Artis : Nurhana

Ela elo mbiyen kowe ngomong benci karo aku
Sengit sebel apa maneh tresna
Nanging saikine ra dinyana kowe malah mbalik tresna
Ela elo ela ela elo

Ela elo mbok ya aja ngono ngomong sapenake
Ora gelem karo karo aku
Nanging saikine saben dina kowe sibuk ngrayu aku
Ela elo ela ela elo

Pitik cilik ana ngembong
Mikir dhisik lagi ngomong
Isin isin ya mas
Kopat kapit ngiwa nengen
Ngaku benci nanging seneng
Isin isin ya mas
Mlaku mlaku tuku srandhal
Karo aku jual mahal
Isin isin ya mas

Lirik Endahe Katresnan
Lirik Endahe Katresnan

Lirik Endahe Katresnan
Artis : Nurhana

Padhange rembulan suminar sajroning wengi
iki wengi iki agawe saya endah rasaning ati
semilir angine karasa ing sak jroning ati
jroning ati agawe saya kangenku mring slirane
Kang seprene ra ana kabar lan ceritane

Tak anti-anti rina lan wengi
Mirenga tangisku iki
Tak tunggu-tunggu neng endi dunungmu
Tresnaku ya mung sliramu

Tetesing waspaku iki pratandha setya lan tuhu
Getering atiku iki pratandha kangen atiku
Adhuh-adhuh aku kangen ku kangen aku kangen
Tresnaku iki ya mung siji nggo sliramu

Rembulan seksekna yen aku sak jroning wengi iki
Wengi iki netepi kabeh sumpah lan janji-janji
Lan sekseni tresnaku siji ya mung sliramu

Lirik Bagus Adine
Lirik Bagus Adine

Lirik Bagus Adine
Artis : Nurhana

Aku bingung pilih endi
Bocah loro sarwo edi peni
Siji kakang siji adi
kabeh bagus gus bagus gus bagus
Gawe bingung atiku

Cah loro padha gagahe
Yen sinawang kabeh nyenengake
Mesthine ana bedhane
Yen kon milih lih milih lih milih
Aku milih adine

Tuku jagung neng sal legi
Aku bingung pilih endi
Kebacut mlebu ning ati

Tuku kerdus neng sar gedhe
Sing bagus bagus adine
Sing gantheng gantheng kangmase

Lirik Balen
Lirik Balen

Lirik Balen
Artis : Manthous feat Nurhana

Pa:
Jan jane dik, aku wis rindu
Wis rong taun lawase ora ketemu,
Eling-eling dik, jamane semono
Runtang runtung anane, ra ono liyo

Pi:
Jan jane mas, aku wis lali
Gelang alit bebasan kang mungguhing driji,
Nora gampang, tambani cuwaning ati
Ora semoyo mas, aku ra janji

Pa:
Horotoyoh
Nganggo theklek kecemplung kalen,
Timbang golek dik,
Sing apik luwung balen

Pi:
Sabar Mas, mbok sabar ora kesusu
Yen kesusu, tundhone wis mesti kleru

Pa:
Estu dik wis dadi antebing kalbu
Tak belani, jiwo rogo tulusing ati

Pi:
Sabar bola-bali wis tak aturi
Yen kuciwo, njur getun tibane mburi


Lirik Lingsir Wengi
Lirik Lingsir Wengi

Lirik Lingsir Wengi
Artis : Nurhana

Lingsir wengi
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayah
Kang ngreridhu ati

Kawitane mung sembrono
Njur kulino
Ra ngiro
Yen bakal nuwuhke tresno

Nanging duh tibane
Aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro sambat-sambat sopo

Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi

reff :
kembali ke atas

Lirik Kusumaning Ati
Lirik Kusumaning Ati

Lirik Kusumaning Ati
Artis : Nurhana

Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak anti anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku

Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
Tur kelingan jroning ati
Sak bedahe ing bumi

Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake

Amung pamujiku
Mugo-mugo rak ono ru bedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo ora kondo-kondo